Minggu, 16 Agustus 2015

Opo manungso wis rumongso biso...
bakal nemoke sejatine Alloh
rikolo rogo ninggalke ndunyo
yen durung ngerti isine rogo.....

mulane podo den kaweruhono
sing dadi utusane Gusti Alloh
sing ono ning njero rogo manungso
kang biso ndadekake sampurno.....

sak mestine, anggonmu kudu biso do mangerteni
sejatine sing kuoso ning rogo iki
gen anggonmu biso bakal bali......

kawitane limo, sejatine sing biso nyonggo ndunyo
sing mageri lan njogo poro manungso
kang arane Sedulur limo.....

Rabu, 01 Juli 2015

Eling - eling'o siro manungso
urip neng ndunyo, mung sedelok...
isih suwe neng njero neroko
mulo to siro sing waspodo....

Sejatine neng njero manungso
kuwi wis ono, yo sing njogo
sing diarani SEDULUR LIMO
mulo to manungso do ngertio....

Elingono siro manungso
karo SEDULUR LIMO
yen siro biso njogo
siro SAMPURNO

Do waspodo, siro manungso
supoyo siro waskito
lantaran SAMPURNO
tergantung siro

njogo SEDULUR LIMO

mulo to mulo
siro manungso
SEDULUR LIMO kuwi ono
do ngertio lan kudu dijogo
supoyo siro biso SAMPURNO

Minggu, 17 Agustus 2014

Hormat saya terhadap anda

SAYA BERDOA KEPADA TUHAN SEMESTA ALAM
UNTUK MENSUCIKAN PIKIRAN SAYA
UNTUK MENSUCIKAN HATI SAYA
UNTUK MENSUCIKAN MULUT SAYA
DALAM MENYEBUT SATU ALLAH YANG BENAR
AMIN


Dengan segala kekurangan saya sebagai manusia biasa , saya berharap kalian semua dapat memaafkan segala kesalahan saya , karena semua ini adalah wujud dari keyakinan saya terhadap Tuhan Sang Pencipta.


Kamis, 15 Desember 2011

LELAMPAHAN SEDULUR PAPAT KALIMO PANCER

            Nuwun, menggah lajengipun anggenipun lumampah sampun dugi wonten ing papan engkang sekeco. menggah manungso saged dumugi wonten mriki kedah mawi titian Puser (Panedho) kang acahyo Ireng kang awujud Denowo engkang magilo-gilo pasuryanyo lan sakti mondro guno kadikdayannyo.
Pramilo manungso engkang saged aniti titan kolo wau saged kepanggih kanthi rukun, adem ayem kelawan kadangipun kang acahyo Abang Geteh (Karso), sareng sowan dateng kadangnyo ingkang sampun anganti-nganti radi sauntawis dangu. Pramilo sak sampunipun mangertosi kadangipun kalih dugi, angucap keng Adi ari-ari (Pengarah) kang acahyo Kuning, "Duh Gusti Alloh kulo nyuwun pangapunten lan kulo matur suwun sanget kadang kulo kekalih sampun saged dumugi wonten ing mriki". ing sak'untoro, Nogo ingkang wujudipun ingkang nggegirisi samiyo udan tangisamargi saking kapangipun kaliyan kadangipun kekalih meniko.
         
             Sak sampunipun lajer anggenipun kapang, tetiganipun sami gegandengan haryo sowan dateng kadangipun engkang ugi sak untawis dangu dereng pinanggih. sak margi-margi tetiganipun nggih meniko Ireng, Abang lan Kuningsaming mirengake suanten layap-layap, "Ora ono Gusti sing wajib sinembah sak liyane Alloh kang Moho Kuoso ( Laa Illaha Illallah )".

             Lampahanipun kalajengaken, kahananipun sansoyo sekeco asrep, adem lan ayem. tetiganipun kaget amirsani cahyo Putih ingkang sumorot. lan pangandikanipun cahyo putih meniko mekaten,"Kabeh siro ojo kaget, yo aku iki kadangmu dewe Kakang Kawah", kanthi eluh ingkang dleweran haryo rinangkul kadangipun tetigo wau dipun ajak pinarakan sak untawis. mekaten pangandikanipun,"Siro leren disik ono kene amargo aku mangerteni siro podo kesel kabeh, ora gampang siro biso teko ono ing papan dunungku kene. amargo aku mangerteni lakumu, mulane aku biso kondo. wis, saiki ayo terus'ake lelakune bareng karo aku". Cahyo catur semorot anggegirisi perbawane layap-layap podo guneman kadang sekawan wau,"Iki papan dunung opo? kok rasane wis ora ono roso aneh-aneh, onone mung hening". dereng tutuh anggenipun guneman samiyo kaget kadang sekawan wau haningali cahyo sumorot Ijo moyo-moyo.

              Wonten ing mriku sami kamitenggengen dereng saged ngucap nopo-nopo. sak sampunipun sauntawis sami pandeng pinandeng, kang acahyo Ijo wau tansah kekidungan,"Alloh....Alloh......Alloh (dzikir) ing papan kene iki ora ono opo-opo, sing ono mung darbeke Alloh, sing dumadi among sak dermo soko kersaning Alloh. aku mono mung sak dermo amomong kang siro kabeh, apik tan kandak'ake apik lan olo tak kandak'ake olo, den kaweruhono yo aku iki ugo kadang siro kabeh Mar lan Marti".

               Sami kaget kadang sekawan wau haryo anubruk keng kadang kalimo. koyo suoro gluduk tetangise koyo-koyo ambelah-mbelaho jagad, eluhe kang tumetes koyo-koyo angocak-ocak segoro, suwantenipun jumblegur gumaluduk koyo ambelah-mbelaho dodo. kekes pepes ingkang wonten amung raos sumeleh, sumende lan dedeple wonten ngersaning Alloh.

                Mekaten wau mungguh bebere ngelmu Limang perkoro, pramilo sinten manungso engkang saged dumugi ing papan perkoro kang kelimo (Mar lan Marti), nilu nembe saged sampurno amargi nopo-nopo amung kersaning Alloh.


KAKANG KAWAH
Kuasane Rumekso ing badan anekake  SEDYO
MAR LAN MARTI
Kuasane Among urip anekake               CIPTO
ADI ARI ARI         
Kuasane Amayungi laku anekake           PENGARAH
GETEH                   
Kuasane Angrewangi ulah andadekake  KARSO
PUSER                    
Kuasane Anjunungi sabowo nuruti         PANEDHO

Iki yen dipepetri lan memule saben ing dino nuju kelahirane bakal yekti agung sawabe, balik yen ora dilakoni, kabeh kadang wau bakal podo ngrencono olo, temah gawe urunge Cipto, murungake Sedyo, ngluputake Pengarah lan migarake karep, gagar budar tanpo dadi saking kurang tumemem madep ing laku,
iki prayogo den eling.

Pomo dilakonono

SABDO PALON

1. ONO GUNEM MINGKEM
    Yen ono wedaran / wejangan ojo kakean takon

2. ONO CATUR MUNGKUR
    Yen ono pitutr ojo disanggah

3. ONO PADU MLEBU
    Yen ono padu redem'o amarahmu

4. CRIWIS CAWIS
    Yen wis ngomong kudu biso mbuktek'ake

5. JUWEH KEWELEH
    Kudu biso tanggung jawab gen ojo keweleh

6. KEMINTER KEBLINGER
    Rumongso wis ngerti ndadek'ake sesat dewe

7. OJO NYEDAK WONG LADAK
    Ojo nduweni sifat sombong

8. ORA NYANDING WONG MURING-MURING
    Ojo seneng nesu-nesu

9. PAMER CEMER
    Rumongso nduwe bakal kilangan

10.GEMENDUNG GLUNDUNG
     Rumongso biso bakal tibo

11.OJO GEGUYU MUNDAK KELIRU
     Ojo seneng nyalah'ake marang liyan

12.OJO ANGGAK MUNDAK KLENGGAK
     Ojo rumongso bener dewe

13.DURO LORO
     Nyelaki tuntunan bakal kelaran

14.GOROH KEROGOH
     Ngapusi awake dewe bakal kelaran

15.BLABA WUDA
     Kakean ngumbar bakal kisinan

16.MUKTI MATI
     Kepingin diunggulke bakal asor

17.SABAR SUBUR
     Sabar bakal menang

18.GEMI SETITI MUKTI
     Teliti bakal dadi

19.YITNO YUWONO
     Eling lan waspodo bakal mulyo

20.LENO KENO
     Keleno bakal sirno

Rabu, 16 Februari 2011

ELING !

"Ngger, waspodono marang sak'kabehing laku siro.........
ati-ati dumateng cangkem siro, moto siro, kuping siro lan luwih-luwih ati siro...........
amargo samubarang opo sing siro delok, rungok'ne lan siro yakini bakal sarwo ditekok'no..........
yo tanggung jawab marang sak kabehing kuwi mau sing bakal ditekok'no............
kaliyan Sang Panguoso"


"Biso'o siro mangerteni marang Sedulur Limo sing bakal oleh'ake kasampurnan ndunyo lan akherat siro..........
amargo namung Sedulur Limo sing biso nduduh'ake marang sejatine urip lan urip kang sejati dumateng siro......
cacahe limo sing nyonggo ndunyo lan ndadek'ake siro dadi manungso sampurno...............
sarwo mituhu lan memetri'o dumateng Sedulur Limo............
yo mung iku sing bakal nyampurnake urip siro"


"Kadunyan ora biso ndadek'ake anteng'e ati siro...........
namung ndadek'ake ananing angkorone siro....................
waspodono siro ngger ! kabeh mau mung godo............
godo sing biso ndadek'ake siro ora sampurno........
mulo to mulo ngger ! ngertenono marang Sedulur Limo"

Jumat, 28 Januari 2011

Makna dari Puasa Senin - Kamis Nabi Muhammad Saw

           Bagi kita umat muslim pasti telah mengetahui bahwa Nabi junjungan kita Muhammad Saw selalu melakukan puasa senin - kamis, bahkan tidak sedikit dari kaum muslim yang mengikuti dan menjalankan puasa tersebut . tetapi apakah mereka semua mengetahui apa maksud dan tujuan dari Beliau melakukan puasa tersebut? dan saya percaya bahwa mereka yang melakukan puasa tersebut dengan dalil bahwa itu termasuk sunnah rasul adalah mereka yang tidak mengetahui akan maksud dan tujuan sebenarnya dari Beliau tentang puasa tersebut ( maaf , kalau kata-kata saya ini menyinggung sebagian dari pembaca tapi memang itulah kenyataannya ).
Saya jelaskan kepada para pembaca sekalian bahwa maksud dan tujuan dari Beliau melakukan puasa tersebut adalah untuk menghormati hari kelahiran Beliau serta istri pertama Beliau ( Siti Khotijah ).
Nabi Muhammad lahir pada hari senin dan Siti Khotijah lahir pada hari kamis ( bagi para pembaca yang merasa penasaran silahkan cari biodata mereka ) dan untuk menghormatinya maka setiap jatuh pada hari kelahiran mereka berdua , Beliau selalu melakukan puasa .
Jika kita sudah mengetahui alasan dari Beliau melakukan puasa tersebut yaitu untuk menghormati akan hari kelahiran Beliau dan istrinya , untuk apa kita menjalankan puasa senin - kamis seperti yang beliau lakukan? bukankah kita semua mempunyai hari kelahiran masing-masing? mengapa kita tidak menghormati hari kelahiran kita sendiri? karena itulah contoh yang diberikan oleh Nabi junjungan kita agar kita menghormati hari kelahiran kita seperti yang Beliau lakukan .
              Bahkan , kalau kita cermati ! justru Allah telah memberikan kemudahan bagi kita ( orang Indonesia ) yaitu dengan adanya Pasaran ( Kliwon , Pahing , Pon , Wage , Legi ) dalam hari kelahiran kita masing-masing sedang dalam jaman Nabi tidak ada pasaran sehingga Beliau harus melakukan puasa tersebut 8x dalam satu bulan . namun bagi kita hanya perlu melakukannya 1x dalam satu bulan .
Janganlah kita meniru ataupun mencontoh sesuatu apapun tanpa kita ketahui maksud dan tujuannya karena dari hal itulah kita akan tersesatkan .
             Ingatlah , bahwa dengan menghormati setiap hari kelahiran kita ( dalam bahasa jawa disebut Weton ) maka segala permasalahan dan kebutuhan hidup kita akan terselesaikan . karena jika kita selalu mengingat dan menghormati akan hari kelahiran kita maka akan ada karomah dari Allah untuk kita yang akan selalu mengayomi  , melindungi dan mengarahkan hidup kita kepada jalan Allah .

Pomo Dilakonono