Sabtu, 25 Desember 2010

ASMO PINONGKO JOPO

Titi wayahe mlebet ing jaman akhir , opo tandane? wong jowo wis akeh podo lali marang jawane .
Manungso urip wis akeh mung nuruti howo nafsune , halal haram , bener lan luput wis podo kangelan mbedak'ake . mulane bumi banjur obah lan polah soko kersaning Alloh , ndadek'ake kahanan sing ora nggenah .

Sirepe goro-goro

Yen manungso mau wis gelem ajak-ajak marang kebecikan , podo gelem ngerti , ngerteni lan nglakoni marang Piwulang suci kanthi gegondelan marang Sedulur Papat Kalimo Pancer , manungso mau bakal biso nompo marang Sasmitaning Alam tembus ing Asmo Pinongko Jopo .
Kang aran Asmo iku iku ugo biso diarani Dungo , Montro utowo Jopo . 
salah sawijine tembus ing Bung Karno kang nduweni dungo utowo jopo opo wae sing durung karampungke karepe njaluk tulung dibungkarno , bukak'en lan rampungno kareben biso rampung , tuntas lan sampurno .
wis sakmestine yen tetembungan bungkarno iku nggih babakan barang utowo wadi sing wis kasimpen , gegandengan wis ora nduweni wadah utowo badan mulane banjur njaluk tulung marang manungso sing wis kapilih dening Gusti Alloh pinongko sarono wadah kareben biso ngrampungake.
Mulane sing titis lan tetes yen peparingan asmo marang putu wayah siro kabeh , kareben biso dadi dungo.
sing genah , sing bener kareben agung sawab'e.

suwun

1 komentar: