Sabtu, 25 Desember 2010

TRI MANGGOLO

Manungso urip iku kudune biso nglakok'ake lan gelem mangerteni marang 3 perkoro , yoiku:

kang kapisan :
Dadi Manggalane Gusti Kang Moho Kuoso ,
yoiku " Senopatine Gusti Alloh " sing tansah namung ajak-ajak lan nduduh'ake dalan bebener , kareben manungso mau biso yakin marang Gusti Alloh lan orea mung percoyo , nanging kudu yakin kang sak bener-benere yakin .  

kang kapindho :
Dadi Manggalane marang diri pribadi ,
yoiku " Senopatine awak'e dewe "
tegese mengkene , biso'o manungso mau gelem mangerteni menyang awak'e dewe . yen wis mengkono manungso mau biso mangerteni sopo sak benere musuh sing onon sak jerone awak'e dewe kuwi mau .
lan kudu biso ngalahke marang " Pangrencono Olo " .

kang katelu :
Dadi Manggalane poro manungso sing durung biso dadi Manggolo .
yoiku " Senopatine sepadane urip " , kang dikarepke kudune yen wis mangerteni dalan lan coro ugo papane , biso'o manungso mau dadi " Kawinisudho " kang handarbeni drajat pangkat " Tri Manggolo " .
Manungso kuwi mau kudu biso hambeberake dalan lan corone , kareben poro kabeh manungso biso ngalah'ake opo-opo sing ngalang-ngalangi dalan bisane manungso mau yakin sak bener-benere yakin marang Gusti Alloh Kang Murbo ing dumadi .

Kabeh kuwi mau lantaran sarono sing wis kaparingake marang manungso sing gelem mangerteni lan nguri-nguri " Sedulur Papat Kalimo Pancer " . yo ing kono mau margane manungso biso mbukte'ake Panguasaning Gusti Alloh.

Pomo dilakonono


2 komentar: