Selasa, 11 Januari 2011

PESEN AJISOKO

           Ing tulisan iki ora arep mbahas antrarane kisah Ajisoko rojo Medang kamulan , nanging arep nduduhke sejatine opo sing dikarep'ake kaliyan Ajisoko marang ukoro HO NO CO RO KO... sing dadi tetenger ono ing tanah jowo. wis akeh sing ngartek'ake makna tulisan kemau lan kabeh mau yo ora podo salah kanggo awak'e dewe-dewe amargo kabeh manungso nduweni pikiran dewe-dewe marang ukoro kuwi mau .
nanging kanggoku , ukoro kuwi mau nduweni maksud lan tujuan sing dikarep'ake sang Ajisoko kanggo poro manungso khusus'e sing mapan ono ing tanah jowo . ora mungkin yen mung kanggo nggambarake abdi daleme sing setia (Dora lan Sembodo) terus ukoro mau dadi tetengere basa jawa nganti saiki ? .
mulo to mulo , ayo podo kudu biso waspodo marang opo sing dikarep'ake sang Ajisoko deneng medal'ake ukoro kuwi mau , keneng opo rikolo arep dipangan kaliyan sang Dewata Cengkar , sang Ajisoko namung njaluk imbalan lemah sing jembare mung sak iket kepalane? kabeh mau yen sampeyan sedoyo podo biso ngresapi , bakal sampeyan sedoyo temok'ake makna sak jerono kedadean kuwi kabeh mau .

lere mengkene:
Dewata Cengkar iku nglambang'ake sifat angkoro , keserakahan sing biso ditumpas mung kanggo ati sing resik sing dilambangke kaliyan iket kepalane sang Ajisoko sing warnone putih , keneng opo kudu nganggo iket kepala sing bentuk'e segi empat? kuwi mau kanggo nduduh'ake marang manungso ananing Kiblat papat sing kudu dingerteni manungso , yoiku:
1. Kiblat Wetan
2. Kiblat Lor
3. Kiblat Kulon
4. Kiblat Kidul
kareben biso ditembus'ake marang Kiblat Tengah'e sing digambar'ake kaliyan lungguhe sang Ajisoko neng tengah-tengahe iket kepala kuwi mau . banjur keneng opo kok sing dijaluk mung awujud lemah? amargo sejatine sing disuwun sang Ajisoko yo mung pangestune Ibu Bumi iki . mulane saking kersaning Alloh lumantar Ibu Bumi iket kepala mau biso dadi jembar ngungkuli gedene wilayah'e sang Dewata Cengkar .

              Deneng ananing ukoro HO NO CO RO KO..........kuwi mau sejatine yo pesen saking sang Ajisoko marang poro manungso sing kudu biso dingerteni lan dilakoni .
Ukoro kuwi mau ono werdine utowo artine sing poro manungso kudu biso ngerteni kareben biso ngalah'ake marang sifat angkoro lan keserakahan , amargo sejatine manungso saiki mung nuruti hawa nafsune sing isine mung angkoro lan keserakahan .
Mulo den kaweruhono marang makno  ukoro sing diucapke sang Ajisoko , amargo namung saking kuwi mau poro manungso kabeh biso bener-bener nglakoni sejatine urip ono ing ndunyo iki tinembus marang akherate .

sejatine pesene sang Ajisoko kuwi mau yo ngene:

HO NO CO RO KO : Hono Coro Kasampurnan
kang ateges yen sejatine kuwi ono coro kanggo manungso biso nemok'ake kasampurnane urip ing ndunyo tinembus akherate . yo kuwi yen manungso kabeh biso podo mangerteni marang Sedulur Papat Kalimo Pancer .
DO TO SO WO LO : Do Taqwa'o , Sabar'o rikolo Loro lopo
kang ateges yen manungso kabeh biso podo biso Taqwa marang Alloh lan biso nduweni kalegawan marang sak kabehing cobaan saking Alloh .
PO DHO JO YO NYO : Podo'o Ndungo , Jowo sing Nyonggo Ndunyo
kang ateges yen manungso ojo nganti pedot anggone ndungo marang Alloh amargo wis kudunungan ndunyo lan manungso ugo dielingke yen sejatine tanah Jowo iku yo sing nyonggo ndunyo amargo namung soko tanah Jowo metune manungso-manungso pilihan kanggo nyempurnake sak kabehing opo sing wis digayuh kaliyan utusan-utusane Alloh .
MO GO BO THO NGO : Mongso Gondelan Bebener Tinompo Nugroho
kang ateges saiki wayahe poro manungso sami gegondelan marang ajaran sing bener-bener biso nduduh'ake marang sejatine dalane Alloh kareben manungso mau bener-bener biso nembus'ake kasampurnan ing ndunyo tinembus akherate .
Nanging kabeh mau ora bakal biso digayuh yen poro manungso ora biso nemok'ake marang Sedulur Papat kalimo Pancer , amargo namung soko kuwi mau manungso bakal dituntun lan di duduh'ake marang kebenaran kang sejati .

Ora nggagas sampeyan sedoyo percoyo opo ora , nanging opo sing wis katulis'ake iki yo sejatine dalan kanggo sampeyan kabeh biso mangerteni marang sejatine Alloh , yoiku kudu biso nemok'ake lan mangerteni tumekan nglakoni marang Sedulur Papat Kalimo Pancer.

suwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar