Kamis, 06 Januari 2011

SERAT MAHKUTOROMO

            Jamak lumrahe sing wenang ngagem Mahkuto kuwi Rojo , Romo ugo ateges Bapak . mulane bapak-bapak rojo iku yo Romo Ismoyo.
Sopo wae sing biso nompo Mahkuto Romo Ismoyo yo ing kono margane dadi sarono sing biso mujudake jeroning projo biso ayem tentrem , gemah ripah loh jinawi , murah kang sarwo tinuku , subur kang sarwo tinandur amargo wis biso nindakake opo isi wedaran serat Mahkuto romo .
dene isinipun serat Mahkutoromo nggih meniko :
kang kapisan :
Manungso kudu gelem jujur
1. jujur marang awake dewe
2. jujur marang sepadane
3. jujur marang alam
4. jujur marang Kadang Papat Kalimo Pancer
5. jujur marang Gusti kang Moho Kuoso
kang kapindo
Manungso kudu gelem adil
1. adil marang awake dewe
2. adil marang sepadane
3. adil marang alam
4. adil marang Kadang Papat Kalimo Pancer
5. adil marang Gusti kang Moho Kuoso
kang katelu
Manungso kudu biso nduweni guru yoiku Guru Sejati .
kang kapapat
Manungso kudu biso ngerti , ngerteni , lan nglakoni opo sing wis kaserat sak jerone Kitab Marto Broto Ati .
kang kalimo
Yen manungso wis biso nglampahi koyo ing nduwur mau iku lagi kasebut "SATRIO UTOMO"
* Jalmo tan keno kiniro
* Jalmo kang asifat Dewo
amargo wis ngagem Mahkuto Romo .

mulo to mulo, pomo di pomo eling den eling



 

7 komentar: