Sabtu, 08 Januari 2011

SERAT PONOROGO ( Mangerteni marang awake dewe )

"Dalan Topo Lakune"
Duk nalikane jaman semono, ono satrio loro cacahe. sing siji soko "Alas Giri (Gunung)" lan sing sijine meneh soko "Alas Dri". poro satrio mau wiwit timure wis gedhe topo lakune , mulane ora mokal yen sitik akehe wis biso mangerteni marang awake dewe-dewe.
Jerone pirang puluh taun podo lumaku , ora kenyono-nyono ketemu ono sak jerone Alas Asem Arang , Alas gung liwang-liwung . paribasan ukoro yo "Jalmo moro Jalmo rugi , Jalmo moro Jalmo mati" akeh brandal, jambret lan copet ono ing Alas kono. Ananging satrio loro mau datan nduweni roso miris lan wedi , sebab onone satrio loro neng Alas Asem Arang mau kanggo ngemban dawuh nggayuh tumurune Wahyu "Mahkuto Romo" .
Naliko semono wayahe wis surup suryo , pertandane pucuke gunung sisih kulon katon larap-larap abang , ora suwe maneh bakal wengi . Kahanan koyo mengkono mau ndadek'ake samubarang datan katon , ananging satrio loro kemau tetep nerus'ake lakune kanthi tumpakan "Gagak Rimang".
Mengkene pangandikane satrio soko Alas Dri ,"Wis gandeng saiki wayahe bengi , ayo numpak tumpakanku Gagak Rimang kareben gelis tumekan papan panggonane".
"Yo, aku mung manut wae , tak tut'ke sak lakumu", satrio Alas Giri mangsuli .
Bengi kuwi ugo banjur satrio keloro kuwi nerus'ake lakune . Ngetan , Ngulon , Ngalor , Ngidul koyo wong bingung nggoleki papan sing pantes kanggo nggayuh tumurune Wahyu Mahkuto Romo . Satrio Alas Giri mung tansah ngetut'ake obahe kadange satrio  Alas Dri mau .
Dasar satrio gagah dhuwur pawakane , sekti mondroguno tan tedas kapak palune , pandhe sisaning gurindho , dasar sinanding pusoko kang agung sawabe kang kaampil'ake Sang Hyang Ismoyo soko Gunung Siti Jenar kanggo nyadong tumurune Wahyu Mahkuto Romo .
Ora sak wetoro suwe satrio soko Alas Dri ngening'ake cipto nggoleki papan ngendi kang pantes kanggo nyadong Wahyu . sak bubare ngeningke cipto banjur ngucap mengkene ,"Wis sak iki tutno aku lumarap menyang tlatah Ndempel (Karang Kadempel)". "Sendiko dawuh kakang" sang risang Gagak Rimang kagetak dening bendarane , mamprung playune tumuju ing tlatah Ndempel .

Ganti kang cinarito:
Ing dusun Ndempel koyo-koyo wis ngenteni bakal karawuhan satrio keloro wau , mulane podo bingung salang tunjang karepe dewe .
ora bedo kaliyan satrio Alas Giri sing bingung marang kadange amargo datan mangerteni yen sejatine kadange satrio Alas Dri wis puluhan taun mideri jagad kanggo ngumpul'ake sopo-sopo manungso sing kuat lan biso kewahyon nyambut gawe bareng .
Ing dusun Ndempel mau katetap'ake panggonan kanggo nyadong tumurune Wahyu mau , rodo suwe podo jagongan kanggo nyeranti saat tumurune Wahyu mau .

Sakwise saat sing ditunggu tumeko , podo bebarengan munggah menyang pucuke Gunung Ndempel .
ono satrio limo cacahe sing lumaku munggah menyang pucuke gunung mau . sakwise tumekan pucuke gunung podo silo  meksu budi ngening'ake cipto angucap montro , sak ninge cipto amung nyuwun marang ngersaning Gusti Alloh , nyadong Welas Asihe mugo-mugo biso'o Wahyu mau katompo lan tumurun ono ing papan pucuke Gunung Ndempel . 
Kahanan sansoyo ndalu cilep dedep datan wonten sembawane , langite akemul mendung peteng ndedet .
Tanggap Sasmito , Satrio soko Alas Giri banjur nyuwun marang Panguasane Gusti kareben padang langite . ora sakwentoro suwe  Wahyu Mahkuto Romo wis katompo , tan ono pangandikane satrio limo mau amung mendel cilep dedep . Gumregah satrio soko Alas Dri , mengkene pangandikane ,"Wis sak iki mudun alon-alon ! sing digayuh wis tak tompo". Gumregah poro satrio mau tumurun soko pucuke Gunung Ndempel .
sak wise tumeko ono ing sak ngisore gunung kemau banjur podo leren ngenteni mlethek'e sang suryoono ing sak jerone guo sing mapane ono sak ngisore Gunung Ndempel .
Satrio soko Alas Dri mejang sak akeh-akehe marang satrio catur wau . kadadak rawuh poro Dewo , gemruduk suarane andadek'ake gonjing kahanane . Tanggap Sasmito satrio soko Alas Giri banjur kabubarake metu soko jerone guo .

Ganti dino ganti kang cinarito:
"Ora enteng nompo Wahyu Mahkuto Romo ritual sesaji sasat saben dino", hananging poro satrio lan manungso-manungso sing wis keno sawabe Wahyu Mahkuto Romo mau wis podo kadunungan marang Dewane dewe-dewe .
Mulane ora mokal yen jamak lumrahe manungso podo bingung amikir'ake , kabeh mau amung bethek-bethek'e kepingin ngerteni Serat Ponorogo lan Serat Mahkuto Romo, mulane banjur akeh satrio sing ngluruk lumarap menyang tlatah Sendang kang elok ing warno , kang wigatine arep ngangsu kaweruh sing kawedarake ono ing papan kono .
Dasare boso Dewo , ngelmu-ngelmune Dewo tinompo marang wadah ujude manungso kang kadunungan Dewo . mulane biso'o di sinauni marang manungso liyane .
Mulo to mulo ono sesebutan "Manungso setengah dewo" yoiku  manungso-manungso sing biso ngemban dawuhe poro Dewane yoiku meruh'ake menyang  dalan bebener kanthi dasar jujur kang kapendet soko Serat Ponorogo .

Lha mungguh punopo to Serat Ponorogo wau , meniko isinipun "Hong Wilahing Sekaring Bawono Langgeng"

SERAT PONOROGO :
Sak jujure manungso wau kudune gelem ngerteni lan nglakoni babakan nguri-nguri Kadang Papat Kalimo pancer , yen wis mangerteni kang koyo mengkono mau manungso bakal ngerteni yen sejatinesak jerone rogo iki ono sing Ngrekso , Amomong , Amayungi laku , Angrewangi ulah , Anjunungi sabowo , yoiku sing sinebut Kadang Papat kalimo pancer :
* Kakang Kawah
* Mar lan Marti
* Adi ari-ari
* Geteh
* Puser
kabeh mau kang biso nuntun marang Guru Sejati yoiku Sejatine Guru sing mapan ono rogone kabeh manungso sing wis PONO marang ROGO ne.


Dep-dep sidem permanem...............
Kabukak'o sewu lawang...................
Lawang'e manungso kang wis Pono marang Rogone..................

Mengkono wau bebere Serat Ponorogo


suwun

2 komentar: