Rabu, 05 Januari 2011

ADAM MAKNO

          Manungso kang wis pono marang rogone, bakal mangerteni ananing Iblis lan Malaikat sing ono njero rogo manungso . 
Mangerteni Malaikat , manungso bakal katuntun marang margi sing sampurno . Manungso bakal diduduhake marang sejatine Iblis sing biso nduduhake sekarate manungso tumuju marang Kelanggengan .  Amargo Malaikat kuwi sing dadi Utusane Gusti Alloh kang njogo manungso ing alam ndunyo iki . 
Mulane , Malaikat kuwi sing dadi kekuatane ndunyo , sing kasebut PUSER BUMI . sing isine 10 Malaikat Utusan , yoiku :
  1. Malaikat Munkar
  2. Malaikat Nankir
  3. Malaikat Mikhael
  4. Malaikat Isroil
  5. Malaikat Ridwan
  6. Malaikat Malik
  7. Malaikat Rokib
  8. Malaikat Atid
  9. Malaikat Isrofil lan
10. Malaikat Jibril
Yo soko 10 Malaikat kuwi manungso yen wis mangerteni bakal di duduhake marang kesejatiane Iblis. 
        Iblis kuwi ciptaane Alloh sing paling taqwa kaliyan Alloh , mulane Iblis ora gelem nyembah marang liya-liyane kajobo namung marang Gusti Alloh . 
Babakan kuwi wis digambarke marang kedadeane naliko Nabi Adam.as diciptaake kaliyan Gusti Alloh , kabeh Malaikat gelem podo nyembah  marang Nabi Adam.as namung Iblis sing ora gelem nyembah .
Mulane Iblis diutus kaliyan Gusti Alloh kanggo nggudo lan nguji poro manungso kareben gen biso bukte'ake sepiro ketaqwaan manungso marang Alloh . 
Coro Iblis nggudo manungso yoiku nganggo Sifat 5 manungso kuwi dewe , yoiku :
1. Aluamah
2. Kekarepan
3. Tujuan
4. Ucapan lan 
5. Pamrih
Luwih-luwih marang sifat Aluamah sing isine namung iri , dengki , nafsu , amarah lan sak liyane .
Akeh-akehe manungso ora ngerteni rikolo Iblis nggudo amargo podo ngoyak ndunyo sing ndadekake senenge rogo nanging ora podo mikir mbesuke .
Manungso sing mangerteni ananing Malaikat bakal biso katuntun carane ngadepi gudo lan uijane Iblis kuwi mau . yo kuwi manungso bakal biso ngredem marang sifat 5 manungsane sing dadi dalane Iblis nggudo manungso . Mulane den kaweruhono ananing Malaikat sing ono marang rogo , sing yen neng tanah jowo diarani KADANG PAPAT KALIMO PANCER .
Pomo dipomo Eling den eling

suwun

2 komentar:

  1. mas..artikan dalam bahasa indonesia dong...ku tertarik dengan tulisan mas..mengenai adam makno...makasih

    BalasHapus
    Balasan
    1. terima kasih sarannya bu, ibu akan lebih tertarik lagi bila ibu juga dapat mengetahui dasar dari saya membuat tulisan ini.

      Hapus